DINA KAMARDIKAN
Kaanggit : Warti Irianto
Suryo pitulas Agustus
Ambal warsaning kamardikan Indonesia
Rikolo suryo tumibo ing bantolo
Sang soko abang putih kumibar ing angkoso
Kairing ngumandanging Indonesia Raya
Kroso geter jiwo rogo
Nganti ora kuwowo
Netro ngembeng – ngembeng waspo
Kelingan jaman semono
Eling marang poro pejuang bangsa
Kang kasil ngrebut kamardikan negoro
Ngusir bangsa walondo
Kang wis ngindes – indes nuswantara
Atur panuwunku tan kena tinucap
Kagem poro ksartrio bangsa
Kang wus ngorbanake jiwo raga
Kanggo negara
Saya ijin coppas untuk perlombaan dismk :)terimakasih
BalasHapusAku ijin copas untuk referensi puisi jawa
BalasHapus