Senin, 26 Agustus 2013

Geguritanku


Geguritanku
                                                                                                          Kaanggit : Warti Irianto

Geguritanku
Pinongko unek –uneking  kalbu
Datan kuwowo rosoku
Yen ndulu kahananing  bangsaku

Akeh wong montang manting
Nganti Podho ora eling
Ora eling yen wis kuasa
Ngumbar angkara murko
Rumangsane wis koyo dewa

Jaman modern malah podho senewen
Nadyan podho pinter nanging keblinger
Wong jujur malah podho di jur

Brita neng TV
Isine wong korupsi, ora duwe ati
Sing penting nguntungake diri pribadi
Wis ora eling marang illahi
Tangise Ibu Pertiwi Ngupadi putro putri sejati
Kang resik ati, angrungkepi darmaning bakti
Amrih raharjaning negari

Tidak ada komentar:

Posting Komentar